close
Menyang kontèn

Sicco Mansholt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sicco Mansholt
BERJAYA
Présidhèn Komisi Éropah ka-4
Linggih
1972  1973
Kang sadurungéFranco Maria Malfatti
Kang sawiséFrançois-Xavier Ortoli
Rerincèn dhiri
Lair(1908-09-13)13 Sèptèmber 1908
Ollerom, De Marne, Groningen
Pati30 Juni 1995(1995-06-30) (umur 86)
Wapservene, Westerveld, Drenthe
BangsaNèderlan
Parté pulitikParté Buruh
SisihanHenny J. Postel

Sicco Leendert Mansholt (lair ing Ulrum, De Marne, 13 Sèptèmber 1908  pati ing Wapserveen, Westerveld, 30 Juni 1995 ing umur 86 taun) ya iku Présidhèn Komisi Éropah ka-4 antarané taun 1972-1973.[1]. Sadurungé iku dhèwèké njabat Komisaris Pertanian Éropah antarané taun 1958-1972.[1] Mansholt asalé saka kulawarga wong tani sosialis saka Groningen.[1] Bapaké lan kakiné ya iku pendukung tokoh sosialis Multatuli, Domela Nieuwenhuis lan Troelstra.[1] Bapaké Lambertus H. Mansholt ya iku wakil kanggo Parte Buruh Sosial Dhémokrat ana ing déwan provinsi Groningen.[1] Ibuné Wabien Andreae, putri sawijining hakim ing It Hearrenfean, ya iku wanita pisanan kang sinau ana ing ngèlmu pulitik.[1] Sang ibu ngatur pertemuan pulitik kanggo wanita, racaké ana ing omahé dhéwé.[1] SL. Mansholt lumebu sekolah menengah ing Groningen lan banjur pindah menyang Dèventer kanggo sinau ing Sekolah Pertanian Tropis amarga pengarepé kanggo dadi wong tani tembakau.[2] Dhèwèké banjur pindah menyang Jawa ing Hindia-Walanda (saiki Indonésia) lan wiwit makarya ana ing perkebunan tèh.[2] Dhèwèké balik manèh menyang Walanda nalika taun 1936 amarga ora betah karo sistem kolonial.[2] Dhèwèké péngin dadi wong tani lan pindah menyang Wieringermeer, sawijining polder kang direklamasi nalika taun 1937.[2] Ana ing kana dhèwèké wiwit dadi wong tani kang mandiri.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]