close
Menyang kontèn

Warren Buffett

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Warren Buffett
BERJAYA
Warren Buffett ngendikanjroning wulangan ing universitas (2005)
Lair30 Agustus 1930 (umur 95)
Omaha, Nebraska, Amérika Sarékat
PakaryanChairman & CEO, Berkshire Hathaway
GajihUS$100,000
Bebathèn
resik
US$62 miliar (2008) [1]
BojoSusan Buffett (19522004),
Astrid Menks (2006-)[2]
AnakSusie Buffett,
Howard Graham Buffett,
Peter Buffett
Sana jaringanberkshirehathaway.com

Warren Edward Buffett (lair ing Omaha, Nebraska, Amérika Sarékat, 30 Agustus 1930; umur 95 taun) inggih punika salah satunggalipun investor, pangusaha, lan dhermawan saking Amérika Sarékat.[3] Panjenenganipun misuwur minangka salah satunggalipun investor paling sukses sadonya.[3] Panjenenganipun misuwur minangka Warren Buffett sang investor legendaris.[3] Panjenengaipun nyepeng saham utami, chairman lan CEO Berkshire Hathaway.[4] Panjenenganipun kanthi konsisten dados salah satunggalipun tiyang paling sugi sajagad raya.[5] Panjenenganipun dados tiyang paling sugih sadonya ing taun 2008 lan dados tiyang paling sugih kaping tiga ing taun 2011.[5]

Warren Buffett dipunsebat "Oracle of Omaha" utawi "Sage of Omaha" lan kawentar minangka tiyang ingkang irit sanajan sugih sanget.[6] Buffet ugi misuwur minangka dhermawan, sasampunipun janji kanggé maringi 99% kasugihanipun kanggé kasus filantropis, mliginipun kanthi liwat Yayasan Gates.[6] Panjenenganipun ugi njabat dados anggota dhewan penyantun Grinnell College.[6]

Kasugihanipun

[besut | besut sumber]

Ing taun 2008, panjenenganipun dipunparingi déning Forbes minangka peringkat minangka tiyang paling sugih sadonya kanthi kasugihan kinten-kinten US $ 62 miliar.[6] Nalika taun 2009, sasampunipun paring sumbangan ngantos milyaran, Buffett pikantuk peringkat kaping kalih tiyang paling sugih nomer kalih ing Amérika Sarékat.[6]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "The World's Billionaires. #1 Warren Buffett". Forbes.com. 2008-05-03.
  2. "How Does Warren Buffett Get Married? Frugally, It Turns Out". The New York Times. 2006-09-01.
  3. 1 2 3 Stevenson, Tom (March 4, 2008). "Ten top investment tips from Warren Buffett". The Daily Telegraph. UK. Dibukak ing March 6, 2009.
  4. "The Greatest Investors: Warren Buffett". Investopedia.com. Dibukak ing March 6, 2009.
  5. 1 2 Luisa Kroll, Matthew Miller (March 10, 2010). "The World's Billionaires". Forbes. Diarsip saka asliné ing December 16, 2012. Dibukak ing March 11, 2010.
  6. 1 2 3 4 5 "Warren E. Buffett 1968; Life Trustee 1987". [[Grinnell College]]. Diarsip saka sing asli ing August 29, 2008. Dibukak ing May 20, 2008. {{cite web}}: line feed character in |publisher= at position 12 (pitulung)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]