Wikipédia:Pendhapa

The Lord of the Rings: The War of the Rohirrim ya iku film fantasi animasi Amérika Sarékat babaran taun 2024 Sutradara Kenji Kamiyama saka skénario déning Phoebe Gittins lan Arty Papageorgiou, adhedhasar trilogi The Lord of the Rings déning J.R.R. Tolkien. Film diprodhuksi déning New Line Cinema karo Warner Bros. Animasi kanthi produksi animasi déning Sola Entertainment, The War of the Rohirrim minangka film kapitu ing séri iku sawisé trilogi live-action The Lord of the Rings lan The Hobbit, lan film animasi kapindho adhedhasar novel, sawisé The Lord of the Rings (1978). Film iki yaiku prékuel sing prastawané kadadéan 183 taun sadurungé prastawa sing digambaraké ing The Lord of the Rings: The Two Towers (2002). Film animasi iki dibintangi Brian Cox minangka Helm Hammerhand, Raja Rohan sing légendharis. Miranda Otto, mbalèni paragané minangka Éowyn saka trilogi film The Lord of the Rings.
Film iki wis diwara-warakaké ing sasi Juni 2021 lan olèhé ngambangaké iku agé supaya New Line ora kélangan kak ngadhaptasi film adhedhasar romané Tolkien.
Maca sabanjuré ...![]()
当時三美人 (Tōji San Bijin) iku lukisan sablonan nishiki-e saka sakiwa-tengené 1792–93 déning seniman ukiyo-e Jepang Kitagawa Utamaro (1753–1806). Komposisi segi telu ini nggambaraké profil telung wong wadon kawentar kala iku: geisha Tomimoto Toyohina, lan leladèn warung teh Naniwaya Kita lan Takashima Hisa. .
- 1786 - Bendungan ingkang dipunbangun wonten ing lèpèn Dadu runtuh lan niwasaken 100.000 jiwa ing Sichuan, Cina.
- 1943 - Pulpen dipunpatenaken ing Argentina.
- 1967 - Perang enem dinten rampung. Uni Soviet ngendegaken kerjasama diplomatik kaliyan Israel.
- 2013 - Juru balap pit Azad University Cross Team asal Spanyol, Oscar Pujol Munoz tampil minangka juwara umum Tour de Singkarak 2012. (sumber)
Dinten riyaya
- Dinten Nasional ing Portugal

